Monday, February 24, 2014

CUCUK



Mantene anyar tandhane Janur
kelire malih ning ora luntur

Cucuk.. lampahe wis mlaku
Besan manten manthuk manthuk mesem ngguyu
cucuk.. kabeh bubar temu
Ngidak endog mbalang suruh dadi mantu

Cucuk... sing muteri tamu
mlaku alon klecam klecem ra kesusu
cucuk... dandan koyo ratu
dipageri cah bagus lan gendhuk ayu

kembar mayang janure kuning
kudu dipajang kadhang disanding
Gedhang Nanas karo tebu
dienggo rebutan karo tamu tamu

Cucuk sinoman ladenne
ora sah nglirik malah dho di awe-awe
Cucuk... maneh shootingane
injan injen ora ono sing ngelekke

Cucuk... nekani jagongan
temu konco dulur sambi mangan mangan
Cucuk... sing duwe hajatan
rampung mantu nglaras ngetungi sumbangan

Cucuk... manuk nggolek pangan
pitik walik dadine tumbak cucukan
cucuk... opo dho nyucukke
iki asli opo nyat digawe gawe

Sorso 2012

JUBAH ABU-ABU


Jubah abu-abu, dikebutke ngawu awu
Abang mbranang geni, ati padhang iso ngerti.
Kuluke kencono, dadi suluke genk kobra.
Ikete dipasang, abang ireng gedandapan.

Watu watu krikil singkirno nggo dalan laku.
Kusir dho glenikan  jaran jaran mblandhang mlayu
Idu banyu geni  yen kewetu ngoyoworo
Pathi opo Gulo Semar mendem ngupokoro

Bleduk  plintheng semar, Gajah mungkur turut kali
Wonokerto joyo.  Angon boyo angon meri
Sidoluhur mukti, sidowayah sidodadi
Adem panas awak, masuk angin dikeroki

Lele kutuk nila, megap megap lali nglangi
Kintir banyu mili, nyingkir bebek adus kali
Guru sing sejati, nggowo conto ben dho ngerti
Piwulange babar, diwoco linggih sing rapi.


(nov 2010 4 genk kobra 2010)

Bebek Pelari angon Meri (anak Bebek)

foto dari http://id.wikipedia.org/wiki/Berkas:Laufentenkueken4.jpg