Keragaman Kagem Ngiyataken Persatuan

Sedaya manungsa sampun sami-sami pirsa, bilih Allah nyipta makhluk wonten ing ngalam donya punika, tansah mujudaken jangkeping gegesangan ingkang mawarni-warni, kawontenan punika akrab lan asring dipun wastani “plural utawi beragam”. Kanthi adedasar punika, manungsa ingkang katitah dados wakilipun Allah wonten sak kureping langit lan sak lumahing bumi saged nampi kahanan punika, awit kita sedaya sampun ngrumahosi bilih manungsa punika ditetepaken Allah dados makhluk sosial.

Pramila punika, namung manungsa ingkang saged mendhet hikmahipun kawontenan ingkang beragam punika. Ingkang tundhonipun, manungsa anggenipun gesang, mboten gadhah panyakra bawa awon antawisipun menungsa setunggal lan sanesipun. Saestu punika saged dados wewarah kagem anggayuh kerukunan, inggih sae kerukunan agami lan ugi kerukunan sedaya masyarakat wonten ing negri Indonesia.

Kawontenan ingkang mawarni-warni punika, kados arupi “agami, budaya, suku lan basa” saestu sedaya wau kedah sama-sami saged dipun jagi,  awit menawai kita sedaya punika mboten saged njagi utawi lena, kahanan punika saged dadosaken congkrah  lan nguwatosaken dateng wutuhing bangsa, ingkang sampun kondhang agengipun, negari ingkang wiyar, langkung-langkung dipun tingali saking katahipun warga. Saestu punika ndadosaken mongkogng manah lan ugi ndadosaken kiatipun negari kita.

Gegayutan kaliyan kautaman kangge njagi persatuan punika, Allah dhawuh wonten ing setunggalipun ayat Al-Quran surah al-Hujurat ayat kaping 13 ingkang tegesipun:

Hai para manungsa! Satemene ingsun (Allah) wes dadekake sira kabeh sapasang saka jenise lanang lan wadon, lan dadekake sira maneka warnaning bangsa lang suku, supaya sira kabeh padha kenal. Satemene, wong sing paling mulya mungguhing Allah yaiku manungsa ingkang taqwa. Satemene Allah ingkang Maha ngudaneni lan Maha tliti.

Kanthi ayat punika, saestu dados cepengan trumap manungsa ingkang gesang wonten alam donya, bilih sedaya kedah hanggatosaken babagan keragaman ingkang wonten ing lingkungan kita sami. Lan ugi keragaman punika sampun dados suntullah, kita sedaya kantun nglampahi lan njagi titahipun Gusti Allah. Lan kedah kita mangertosi, babakan kamulyaning manungsa punika gumantung dhateng takwanipun piyambak-piyambak dhumateng Allah, mboten saking warna kulit, lang suku bangsa nipun.

Menawi kita sami sampun mangertosi lan ngrumahosi babagan kautamen punika, saestu kita boten pareng gadhah rumaos paling apik dhewe. Kita sami kedah nebihi lan sampun ngantos gadhah pemanggih tiyang sanes langkung asor. Ing pungkasan kanthi pepeling ringkes punika, bilih kawontenan ingkang beda-beda wonten ing negari kita punika, mboten badhe ndadosaken ribeting kula lan panjenengan sami anggenipun badhe anggayuh kerukunan. Lan ugi, sedaya ingkang beda punika saestu badhe dados lantaran kiyatipun negari kita. 



Ustadz Imam Ghozali

2 comments:

Anonymous said...

Alhamdulillah

Unknown said...

masyaallah