Sunday, May 01, 2011

Walik Pitik


Titihane wong saiki jaran teji
Ditumpaki ngalor ngidul wira wiri
Tatahane sungging emas ditempleki
Lapisane kain bludru disulami

Totohane emas picis rojobrono
Tanda tresno opo mung nggo tanda mata
Tutuhane leda-lede gembelengan
Gedhe gombong mergo kegedhen omongan

Pitik walik dik... sobo kebon
Bondho resik dik... gowo ngulon
Monggo mawon dik... mung pilihan
Yen wis mudheng dik... Jo kagetan

Jaran Kepang dik.. Mangan beling
Soyo Edan dik... ora eling
Teteh Ngaji dik... samubarang
Dadi ngerti dik... ra gumunan


Titihane Adipati jaran kepang
Ditumpaki wayah bengi padhang mbulan
Tatahane sungging lawas mataraman
Lapisane jarik tulis motif parang

Totohane jatialas soko purwo
Purwodadi nganti tekan purwokerto
Tutuhane kudu dadi ra mung janji
Wani nanggung lan ugo wani ngadhepi

Adipati GK Jogja, 1 Mei 2011
Posko Sirkuit Pit