Friday, February 29, 2008

5 TAHUN

Limang Tahun Aku Ngenteni
Ora ngerti, jebule mung diapusi
Kelingan dek jaman semono
Ora ngiro, Tresnamu mung sandiworo
Ora bakal tak lalekkake
Guyu lan tangismu, sing tok gawe-gawe
Gaweyanmu dolanan ati
Yen kuwalat, opo kowe ora wedi?

Lilo, lilo legowo atiku
Kabeh tak tampa
Mergo wis dadi lelaku
Nanging rasa gelo neng atiku
Mugo-mugo ojo nganti gawe tatu

Sanadyan lara neng njero ati
Ora bisa tak ungkapke ono ing lati
Ning aku ngerti bakale dadi
Dadi kahanan sing ra iso digelani

Sak jero-jerone isi bumi
Mesthi ono dasar, sing iso digoleki
Ning iki masalah sumur ati
Mung aku dhewe... Sing iso ngerti

Devale alera bande-bande
Banderata laa tarbalakata le ale
Devale averasta bandare
Chivastara bikantarale Holayate


(syair "5 Tahun" Album Genk Kobra 2008)
trailer ada di http://jurugedog.multiply.com

Sunday, February 17, 2008

PARI GOGO



Milih nganggo ati, yen kowe ra ngerti, ndak ngisin-isini
Yuk dipikir dhisik, nganggo ati resik, ben hasile apik
Ojo podho nekat, kancane sak brayat, mesthine sepakat
Ojo sok tukaran, rumongso menangan, ngrusakke tatanan

Ojo mung diawang, mesthine disawang, kiwo tengen imbang
Mbok sing iso ngukur, ojo sok diawur, dadi ajur mumur.

Marem siji, marem sak kabehe
Mukti siji, mukti sak kancane
Marem siji , marem sak kabehe
Kabeh mesthi ono gunane

Uwoh klopo, uwoh blimbing
Siji roto, siji miring
Pri gogo, sego aking
Yen wis dadine temoto
Linggih jejer dadi podho
Mlakune iso sak iring


syair PARI GOGO Album GK 2008)