Sunday, June 02, 2013

JARANE



Jaranku sing iki jaranmu mlayu neng ngendi???

“Nunggangi” ….
Nunggang jaran teji (naik kuda yang bagus) sudah pasti mampu dan akan lebih cepat melakukan perjalanan ke wilayah wilayah yang  lebih jauh daripada berjalan kaki. namun dengan konsekuensi  bahwa kita tidak pernah merasakan setiap jengkal tanah yang kita lewati/lalui, karena sesungguhnya yang berjalan itu kudanya, bukan kita yang notabene cuma sebagai Penunggangnya.

berarti… awake dhewe ora melu mlaku, mergo sing mlaku mung jarane.

“Numpaki”…
Numpak jaran kepang… dalam bahasa jawa, arti Tumpak adalah Hari Sabtu, dan arti umpak adalah Batu penyangga Tiang bangunan/saka guru yang berfungsi sangat vital dalam sebuah bangunan. sebab akan menentukan kokoh dan tidaknya sebuah bangunan berdiri.
dalam hal numpaki jaran ini, kita akan minjam arti dan makna dari kata umpak.

Numpaki Jaran Kepang (naik Kuda dari kepang) pasti akan tertinggal jauh dari orang lain yang naik Jaran Teji, karena jika kita numpaki jaran kepang sesungguhnya justru kaki kita yang menyangga kuda serta memeganginya (jaran) serta menggapitnya dengan kedua kaki kita. maka otomatis kaki kitalah yang selalu menapak bumi sekaligus merasakan setiap jengkal tanah dalam perjalanan ini (laku).


berarti… awake dhewe sing mlaku, jarane dicekeli karo mlaku.

Monggo… jarane arep ditunggangi apa ditumpaki?

Lalu... begitu juga dengan ajaran-ajaran yang sudah kita yakini, apakah akan kita tunggangi?, ataukah akan kita tumpaki?

Jaranku sing iki, jaranmu mlayu neng ngendi???

tapi iki mung jarene syair lhoo...


"JARANE"


Tan Tata Tita Tan Tuten
Tan Tetes Tantuting Tutur
Titik Tantri Tateng Tatwa
Tutun Tamtam Titir Titih

Jaranan… Jaranan … Jarane Jaran Teji
Jaranan… Jaranan… Jarane wong kemaki
Jaranan… Jaranan… Jarane Jaran Kepang
Jaranan… Jaranan… Jarane ra sembarangan

Titihane wong saiki jaran teji
Ditunggangi ngalor ngidul wira wiri
Tatahane sungging emas ditempleki
Lapisane kain bludru disulami

Totohane emas picis rojobrono
Tanda tresno opo mung nggo tanda mata
Tutuhane leda-lede gembelengan
Gedhe gombong mergo kegedhen omongan

Pitik walik dik... sobo kebon
Jungkir balik dik... ngetan ngulon
Monggo mawon dik... mung pilihan
Yen wis mudheng dik... Jo kagetan

Dooor…!!!!

jarane dor.... jarene jarane kore
jaranane lunjak lunjak mlaku dhewe dhewe
jalarane jaran jaran dho dijarne wae.....
jaranku sing iki jaranmu mlayu neng ngendiiiii

interlude

Jaranan… Jaranan … Jarane Jaran Teji
Jaranan… Jaranan… Jarane wong Kemaki
Jaranan… Jaranan… Jarane Jaran Kepang
Jaranan… Jaranan… Jarane Ra Sembarangan


Titihane Adipati jaran kepang
Ditumpaki wayah wengi padhang mbulan
Tatahane sungging lawas mataraman
Lapisane jarik tulis motif parang

Totohane jatialas soko purwo
Purwodadi nganti tekan Purwokerto
Tutuhane kudu dadi ra mung janji
Wani nanggung lan ugo wani ngadhepi

Jaran Kepang dik.. Mangan beling
Soyo Edan dik... ora eling
Teteh Ngaji dik... samubarang
Dadi ngerti dik... ra gumunan
 

Adipati GK Jogja, 1 Mei 2011
Posko Sirkuit Pit