Friday, July 15, 2011

OMAH ORONG ORONG

Gangsir undur undur ngerong lemah omahe
Omah Bulus ora ilang mergo digendhong rono rene
Omahmu neng ngendi..
Coba tak paranane


Omahmu neng kono jarene
Pinggir kali gedhe kandane
Gampang digoleki
Turut banyu mili
Limang menit ora nganti… dik

Coba tak parani cah ayu
Aku pengen tenan ketemu
Kenal wong tuwamu
Wis dadi karepku
Tak gawakke jadah tahu

Orong orong disambungi pring
Odong odong ditumpaki ding
Orong orong digendhongi Gong
Yen ra ngerti jan ngisin ngisini


Omah Omah Gedhong, Omah Londo Omah Loji
Omah Omah Jawa, Omah Joglo Adipati
Omah Omah Gadang, Omah dhuwur sing disunggi
Omah Omah Gubug, Omah Eyup Para Tani

Omah Omah Jaran, Gedhogan Jarane Teji
Omah Omah Kewan, Sak Kidule Kandhang Sapi
Omah Omah Dhewe, Omah Anyar Nganggo Janji
Omah omah tenan, Omahku neng njero ati

Pirang Tahun aku nggoleki
Omahmu ono neng ngendi
Saiki aku wis ngerti
Tak parani neng Kediri


Interlude

Orong orong disambungi pring
Odong odong ditumpaki ding
Orong orong digendhongi Gong
Yen ra ngerti jan ngisin ngisini


Omahku neng kene yo nduk yo
Tengah kebon Mlinjo sing ombo
Gampang ditemokke
Cedhak Kolam Lele
Jo nganti kliru menggoke.. dik

Kapan dolan mrene cah ayu
Ben gawe senenge atiku
Bapakku ra galak
Dulurku semanak
Mulih tak gawani klathak

Orong orong disambungi pring
Odong odong ditumpaki ding
Orong orong digendhongi Gong
Yen ra ngerti jan ngisin ngisini


Orong orong disambungi pring
Obong obong diwadhahi ting
Golong golong disarati tong
Yen wis ngerti gampang digoleki

Orong orong disambungi pring
Otong otong watu kali ding
Godhong Godhong disaponi dong
Yen wis ngerti gek ndang diparani

Omah orong orong jenenge opo
Omah omah cilik pagupon doro
Omahe dibangun cagake soko
Nggo tanda tresno

Adpt GK
SorSo, Banguntapan, Juni 2011
untuk Album Genk Kobra “KARTOSURO 2011)