Sunday, February 17, 2008

PARI GOGO



Milih nganggo ati, yen kowe ra ngerti, ndak ngisin-isini
Yuk dipikir dhisik, nganggo ati resik, ben hasile apik
Ojo podho nekat, kancane sak brayat, mesthine sepakat
Ojo sok tukaran, rumongso menangan, ngrusakke tatanan

Ojo mung diawang, mesthine disawang, kiwo tengen imbang
Mbok sing iso ngukur, ojo sok diawur, dadi ajur mumur.

Marem siji, marem sak kabehe
Mukti siji, mukti sak kancane
Marem siji , marem sak kabehe
Kabeh mesthi ono gunane

Uwoh klopo, uwoh blimbing
Siji roto, siji miring
Pri gogo, sego aking
Yen wis dadine temoto
Linggih jejer dadi podho
Mlakune iso sak iring


syair PARI GOGO Album GK 2008)