Sunday, November 21, 2010

SEPUR KLUTHUK #2 (Genk Kobra 2011)



Pring Reketeg... Gunung Gamping... Gempal
Wong Sing ora Teteg... mesthi wae... Mental


Pring tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah legen
simbah manthuk-manthuk putune wis podho balen
Pring Tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah gulo
Simbah manthuk-manthuk putune melu Genk Kobra


Sepur Kluthuk mlaku jejeg ngetan ngulon
Melu entuk munggah midhun monggo mawon
Sepurane yen rasane kurang penak
Sepur lawas thimik thimik lunjak lunjak

Sepur Kluthuk sepur kuno sangu Banyu
Peluk akeh soko pipo dienggo mlaku
Sepure wong sing tenanan nguri uri
Sepur uap bahan bakar kayu jati

Iki Sepur ning ndonya mung kari siji
Pilihane Melu numpak noto ati
Timbang gelo mendhing dho dipikir dhisik
Ojo numpak trus neng dhuwur klisak klisik

Pring tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah legen
simbah manthuk-manthuk putune wis podho balen
Pring Tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah gulo
Simbah manthuk-manthuk putune melu Genk Kobra


Sepur Kluthuk sepur antik Jolodoro
Mlaku gagah lewat tengah kutho solo
Sepure ireng thuntheng jan merbawani
Sepur tenan prabu Kresno Dwarawati

Sepur kluthuk sepur dhek jaman semono
Metu maneh akeh sing ra podho nyongko
Sepure aneh kanggo wong wong saiki
sepur tuwo klangenan nyenengke ati

Iki Sepur ning ndonya mung kari siji
Pilihane Melu numpak noto ati
Timbang gelo mendhing dho dipikir dhisik
Ojo numpak trus neng dhuwur klisak klisik

Pring tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah legen
simbah manthuk-manthuk putune wis podho balen
Pring Tumpuk-tumpuk.. Bumbung adah gulo
Simbah manthuk-manthuk putune melu Genk Kobra


Sepur Kluthuk sepur genk kobra saiki
Gandheng Gathuk ditarik yo dinikmati
Suguhane reno reno kawruh jawi
Jawabane alon alon dicandhaki


Jogja, agustus 2010
Genk Kobra Album "Kartosuro" 2011

Adpt. Genk Kobra
Bunker Genk

No comments: