Saturday, November 13, 2010

Suryo Katon Ing Gapuro Projo


KARTOSURO (Album Genk Kobra 2011)

Sumilak Byak Langite Padhang
Cemlorot Garis lakune lintang

Alas Purwo... Alas Tuwo Jawa Timuran
Alas Anyar... Alas Gladhen Kandang Menjangan


Kartosuro akhire dibagi papat
Ojo gelo kebeh kuwi dadi kodrat
Kodrate Wong Jowo njogo paugeran
Rancangane omah joglo lan limasan

Kasunanan purane Mangkunegaran
Kasultanan purane Pakualaman
Mantrane wong agung ngadhepi walondo
Carane Pandhito nyimpen ngeksi gondo

Soko Papat Limane didelikakke
Poro papat mesti ketemu pancere
Noto Projo ngguya ngguyu ndelikake
Ketok Kalah Menang tanpo ngasorake

Mojopahit Demak dipajang neng ati
Jo di penging mundhak ora bali bali
Baline srengenge njedhul soko wetan
Tandane satrio cilik tur capingan

Sir Sir Pong Dele gosong... x2 ... Sir Sirane ndang diboyong
Sir Sir Pong Dele Gosong... x2 ... Soko Wetan Menyang Kulon

Nelik sandi indak indik kurang turu
Turunane dikandhani sok ra nggugu
Guyonane wong Jowo Ngemu sanepan
Pandan Wangi Dandang Gulo Beras Ketan

Sandine memang angel diterjemahke
Ketoke mung biasa kadang sepele
Lewat dalan cilik opo dalan gedhe
Dhekok sithik mergo ora digatekke

Sir Sir Pong Dele gosong... x2 ...Sir Sirane ndang diboyong
Sir Sir Pong Dele Gosong... x2 ...Soko Wetan Menyang Kulon

Boyolali wis wancine kudu bali
Gapurane Nuswantoro tanah Jawi
Sigar Jambe ditangkupke dadi siji
Medhar Arum gemah ripah loh jinawi

Lopis Jowo enak tenan segi telu
Lemah abang lemah putih banyubiru.
Soto Babat kartosuro ojo lali
Liwat Pengging nonton bebek adus kali

....
....

Terang teranglah Sinar di cakrawala
Terangi Bumiku alam semesta
Pancarkan Sinarmu hai Nusantara
jadilah Melati harumkan Dunia


17,agustus 2010
Adpt. Genk Kobra
di Bunker Genk